Rokok teko ngendi iku….
Pas muleh teko dodolan semanggi, Bunali ngonangi bojone turu gak nggawe klamben ambek keringetan.
Pas dicideki, Bunali ketok rokok sak batang jek murup ndik nduwur asbak. Maringono Bunali nakoni bojone, teko endi asale rokok iku…
Bunali : "Nek gak ngomong asale rokok iku…koen tak pateni..’’
Romlah : "Rokok sing endi seh cak….?’’
Bunali : "Iku lho sing ndik asbak…rokok teko ngendi iku….?’’
Romlah : "Iku lak rokok Gudang Garam teko Kediri seh…’’
Bunali : "Owalah…..tak kiro teko wong lanang liyo….!!!’’
Tidak ada komentar:
Posting Komentar