Sabtu, 19 Maret 2011

copas teko fb ne koncoku,mbuh de'e copas teko endi

I)

CAK DAN NING (SIKUEL MAKHLUK TUHAN YANG PALING NGGATHELI -3)

Mari kuliah Pengamen (Pengantar Manajemen) Boy ambek geng-e, yoiku Angga, Soni, karo Kosim cangkruk nang kantine Mbak Pat. Ate cangkruk nang endi maneh? Nang perpustakaan, pikire mahasiswa liane: “Gak salah, ta? Ketemplekan setan endi ** SENSOR **-** SENSOR ** iki mlebu nang perpus?” jare mahasiswa liane karo ngucek-ngucek matane.
Kate cangkruk nang mesjid, arek-arek SKI karo takmir mesjid wis mbatin “ Masya Allah…Astaghfirullah…mesjid kok ate digawe mabuk…”
Kate cangkruk nang parkiran, dipikir ate nyolong helm. Malah Kosim ndhase dicantoli arek helm.
“Eh, sori Mas, tak pikir sampean mau cantolane penitipan helm. Eh, tibake menungso...” jarene.
“Patek celeng!” sentak Kosim
“Mangkane ta Sim, nduwe rai elek iku ojok dideleh sembarangan. Yo gak salah nek mas iki mikir ndasmu cantolane helm, ancen modelmu lo koyok pekakas, gak koyok menungso umum,” Boy mbelani arek mau. Kosim mecucu thok ae.
Akhire yo yo-opo maneh, mau bagaimana lagi, gelem gak gelem yo nang warunge Mbak Pat.
“Mampir…yo mampir…” jare Mbak Pat karo mbenakno kutange. Arek-arek langsung mutah-mutah. Kutange lo, cak, bolong-bolong akeh penitine. Taline rantas kathik akeh bolote. Nggilani, cak.
“Ayo, cabut, rek! Ndelok raine wong iki, wetengku langsung kebelet ngising,” ajak Boy.
“Minggato-minggato…Gak duwe duwik ae cangkruk nang kafeku,” jare Mbak Pat.
“Kafe gathel ta…Triplek-e ditrombol tikus ae rubuh, kathik ngaku-ngaku kafe,” bales Boy.

Akhire arek-arek cangkruk nang toko kaos Cak-Cuk nang daerah Dharmawangsa.
“Opo iki, mbak?” Soni takok nang SPG-ne.
“Kertas, mas…” jare SPG-ne
“Wis ngerti, mbak…sopo ngarani iki gedebog! Maksudku iki formulir opo?” Soni takok karo mangkel.
“Wis ta lah, mas…sampean gak mungkin isok,” jare SPG iku nggregetno.
“Jasiiit…aku iki cumak takok, IKI FORMULIR OPO….?” Soni rodok emosi.
“Formulir lomba Cak dan Ning. Sing melok lo ayu-ayu karo ngganteng-ngganteng. Wajah sampean lo gak jelas…antara vespa ambek matic,” jare SPG-ne.
“Mbok kiro iki sepeda motor?” Soni gregeten.
“Wis ta lah, Son…koen ambek Kosim ancen gak isok melok lomba iki. Pertama wis jelas, raimu karo raine Kosim lumayan rusak. Kedua, sing melok lomba iki kudu wong sing KTP-ne Suroboyo. KTP-mu lo Malang, Kosim tambah gak jelas…nang endi-endi sing didudokno malah kartu Gaskin, Keluarga Miskin! LANJUTKAN!” jelas Boy.
“Gaskin matamu, Boy!” jare Kosim.
Moro-moro Anya karo Prita mlebu nang toko.
“Lho, lapo nang kene, rek?” takok Anya.
“Gak lapo-lapo, ndelok-ndelok kaos. Koen lapo?” takok Angga.
“Ate njupuk formulir lomba Cak dan Ning!” jare Anya.
“Koen ate melok, ta?” takok Angga.
“Iyo, koen melok-o po’o, Ngga! Koen pisan yo, Boy,” jare Anya.
“Emoh, nggilani, cuk,” tolak Boy.
“Eh, goblok, hadiahe lumayan lo Boy,” jare Anya.
“Opo?” takok Boy karo Angga barengan.
“Trophy, dhuwik, karo tiket pesawat nang Bali pp,”jare Anya.
“Temen, ta?” takok Boy.
“Tiket nang Bangkalan gak ada ya?” takok Kosim.
“Melok-o lomba Kerapan Sapi ae!” sentak Boy.
“Yo-opo, Ngga…melok ta gak?” takok Boy.
“Wis ta lah, melok ae…kene aku sing ndaftarno. Dino iki pendaftaran hari terakhir. Ayo kene takfoto karo hapeku, ngkok takcetakno pisan!” jare Anya karo moto Boy ambek Angga.
“Rai welek ae kathik melok Cak dan Ning,” protes Soni.
“Elek yo-opo se? Koyok Christian Sugiono ngene jare elek!” Boy mulai mekitik koyok asu.
“Christian Sugiono? Chris John kaleeee…” jare Soni.
“Nek raimu koyok Bokir ojok athik iri. Prita ndak ikut juga?’ takok Boy.
“Nggak lah, Boy, KTP gue kan Bandung, bukan Surabaya, mana bisa?” jare Prita.

***
Boy lagi kelesetan nang kamare. Abah lagi…mboh, ngurek-ngurek kupinge be’e. Umik lagi main playstation karo Yu Mi, babune.
“Ayo, Mi, PS mungsuh aku, sing kalah kudu mijeti sing menang, yo,” tantang Umik.
“Mboten, Bu, sampean nek main nakalan ngoten. Mengke nek wayahe sampean mijet, alasane ‘aku takngising sik, Yu Mi”. Nek gak ngono ‘aduh, Yu Mi, tanganku moro-moro kram” tolak Yu Mi.
“Wis ta, ojok ngecemes ae lambemu, ayo, timbangan koen engkok takpecat!” sentak Umik.
“Sorone yo…dadi babu. Ngene salah, ngono yo salah, juragan senengane ngomel….ae!” sambate Yu Mi.
“Sik lumayan aku, gak tau nyikso koen. Padahal saiki kan usume babu disetriko juragane. Opo babu dinyos rokok karo bos-e. Lagi ngetrend, lo Yu Mi,”
“Mari ngono dimutilasi. Sampean iku juragan ta Ryan, tukang Jagal?”
Moro-moro onok swarana telpon. Poooon….Eh, kriiiiiing.
“Yu Mi, angkaten telpone,” kongkon Umik.
“Walah, Bu, kok mesti….kulo sing dikongkon ngangkat telpon,” protes Yu Mi.
“Lha terus aku ngongkon sopo? Koen lo babuku. Lha mosok wong dodol es tebu ngarep iku dikongkon ngangkat telpon?”
“Bendino ngene yo bungkuk gegerku,” jare Yu Mi.
“Wis ta, ojok ngomel ae, paling-paling sing telpon bakul tempe gendakanmu iku. Kemalan…Sik tas duwe hape ae gayane telpan telpon!” sindir Umik.
“Sori, nggih, Bu…Mas Tommy lho nek telpon langsung teng hape kulo,” tolak Yu Mi.
“Jenenge asline Tompo ae athik diganti Tommy! Kemoncolen!”
“Kersane tah, Bu. Sampean mboten tumut mbancaki ae kakean protes,” jare Yu Mi ambek ngangkat telpon. “Halo, dengan Yu Mi disini, bisa saya bantu…”
“Yu Mi, Boy nang omah, ta? Endi areke?” takok Angga.
“Sopo iki? Lapo nggoleki Mas Boy, aku lho nganggur…”
“Wis tah Yu Mi, iki penting. Hape ne gak diangkat taktelpon.”
“Iyo…iyo… areke lo sik turu… tak gugahe sik,” saut Yu Mi.
Boy ngangkat telpon karo angop, mari keturon, ”Lapo, Ngga?”
“Boy, mene isuk awake dhewe diceluk gawe penyisihan Cak Ning nang balai kota. Ojok lali lo!” jare Angga.
“Yo wis, bareng ae yo…timbangane ijenan mrono koyok gajah kopoken,” jare Boy.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar